Contoh Soal UKK Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2


Nama             : ....................................
No. Absen      : ....................................Description: IKHLAS
KELOMPOK KERJA MADRASAH (KKM) KEC. AYAH
ULANGAN KENAIKAN KELAS (UKK)
MADRASAH IBTIDAIYAH KECAMATAN AYAH KABUPATEN KEBUMEN
TAHUN PELAJARAN 2015/2016
Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa
Kelas / Semester       : II (Dua)/2 (Genap)
Hari/Tanggal      : Kamis, 2 Juni 2016
Waktu                : 09.15 – 10.45
I.     Wenehono tanda ping (x) ana ing aksara a, b, utawa c kanggo wangsulan kang bener!


1.        ibu pesen: “reni tukua gula akehe setengah kilo ana warunge bu darmi!”
pesene ibu maring reni yaiku kon tuku gula akehe....
a.       sekilo
b.      setengah kilo
c.       siji setengah kilo
2.        atika  : san, kowe lagi apa?
santi  : aku lagi sinau, lha kowe lagi apa?
atika  : aku lagi mbantu ibu resik-resik
santi  : mengko sore sinau bareng ya?
atika  : iya
santi ngajak apa maring atika?
a.       mbantu ibu bareng
b.      resik-resik bareng
c.       sinau bareng
3.        punakawan sing tuwa dhewek yaiku ….
a.       semar        
b.      gareng
c.       petruk
4.         ? omahku ing jalan melati.
pitakon kang trep kanggo jawaban ing dhuwur yaiku....
a.       sapa omahmu?
b.      ing ngendi omahmu?
c.       pira omahmu?
5.        wacanen!
dina minggu wawan di ajak pakdhe mancing
wawan lan pakdhe mancing ing pinggir kali
wawan lan pakdhe ulih iwak akeh

wawan lan pakdhe mancing ana ing ....
a.       pinggir kolam
b.      pinggir laut
c.       pinggir kali
6.        wacanen!
pak prapto duwe anak kembar
anak kembar wadon
jenenge dina lan dini
bocah loro praupane padha

jenenge anak kembar pak prapto yaiku....
a.       dani lan dini
b.      dina lan dini
c.       deni lan dini
7.        saben dina minggu sekolahe prei.
ukara ing dhuwur yen di tulis nganggo aksara murda kang trep yaiku....
a.       Saben dina Minggu sekolahe prei
b.      Saben dina minggu sekolahe Prei
c.       Saben Dina Minggu Sekolahe Prei
8.        sikap kang becik nalika kanca lagi crita yaiku….
a.       ethok-ethok turu
b.      melu ngomong
c.       ngrungokna kanthi permati
9.        ngrungokna crita kanca iku bisa nambah....
a.       kasarasan
b.      seserepan
c.       kekuatan
10.    gundhul-gundhul pacul cul...
bacute tembang dolanan ing dhuwur yaiku....
a.       gelundhungan
b.      gembelengan
c.       gelandangan
11.    tembang ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan yaiku....
a.       gundhul pacul
b.      caping gunung
c.       jangkrik genggong
12.    tembang dolanan iku lumrahe kanggo….
a.       wong tuwa
b.      wong dewasa
c.       bocah-bocah
13.    tuladhane pengalaman kang nyedihake yaiku….
a.       munggah kelas loro
b.      ngungsi
c.       diparingi hadiah ulang tahun
14.    crita pengalaman kang marekake ngguyu yaiku crita pengalaman kang ….
a.       sedih
b.      njengkelna
c.       lucu
15.    piring iku digawe saka….
a.       beling
b.      kertas
c.       wesi


16.    aku sawijine barang
aku bisa kanggo nyimpen buku
aku di cangklong ana ing pundak
aku arane...
a.       lemari
b.      tas
c.       rak buku

wacanen teks ing ngisor iki!
menyang puskesmas
saiki aku lagi lara panas
ibu ngajak aku priksa menyang puskesmas
tekan puskesmas antrine akeh banget
ibu entuk antrian nomer telung puluh
ibuku ngajak aku lungguh ing dhingklik dawa
sinambi nunggu di timbali kanggo dipriksa

17.    judul wacan ing dhuwur kang trep yaiku….
a.       mriyang puskesmas
b.      mayang puskesmas
c.       menyang puskesmas
18.    ibu ngajak aku priksa maring ...
a.       rumah sakit
b.      puskesmas
c.       bidan
19.    ibuku entuk antrian nomer pira...
a.       rong puluh
b.      telung puluh
c.       patang puluh
20.    maca geguritan iku kalebu keprigelan maca....
a.       cepet
b.      sora
c.       endah
21.    geguritan iku kalebu ….
a.       kasusastraan
b.      cerpen
c.       novel
22.    mangan, sekolah lan turu iku kalebu kegiyatan....
a.       padinan
b.      kasenengan
c.       kebecikan
23.    sawise sarapan rita banjur......
a.       mangkat sekolah
b.      mulih sekolah
c.       nata paturon
24.    kagiyatan kang bisa dilkokake ing wayah sore yaiku….
a.       sarapan
b.      nggarap ulangan
c.       nggarap pr
25.    kagiyatan mancing kanggo ngilangake sing lagi….
a.       sedih
b.       bungah
c.       seneng



II.      Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener !

1.      saben dina minggu aku ngewangi pegaweane....
2.      punakawan sing lemu lambene ndower yaiku....
3.      kendhang iku salah sijining jeneng....
4.      ngrayakna ulang tahun iku kalebu pengalaman sing....
5.      pengalaman iku ana sing nyenengake lan ana sing ....
6.      pacul iku di gawe saka....
7.      aku di gawe saka kertas
aku di bendhel dadi siji
aku digunakake nganggo nulis.
aku di arani....
8.      saben dina senen nganti dina setu aku mangkat maring....
9.      aku karo kanca-kanca bal-balan ana ing....
10.  nalika aku rangking siji aku diparingi....


No comments:

Post a Comment

Contoh Soal UKK IPA Kelas 2 Semester 2

Nama          : .................................... No. Absen : .................................... ...